Sabtu, 08 Oktober 2011

pangayubagyo/sambutan tuan rumah

Assalamualaikum. WR.WB
 Ingkang kula hormati maz surono selaku ketua pemuda.lan rencang-rencang ingkang kula tresnanni. Ingkang sepindah sumangga kula lan panjenengan sedaya ngaturaken raos sukur dumateng ngarsanipun gusti allah ingkang sampun maringi kesehatan dumateng kula lan panjenengan sedaya. Ingkang kaping kalih ngaturaken sugeng rawuh dumateng rencang-rencang sedaya lan kula aturi lenggah kanti sekeca.lan wonten ngarsanipun kula lan panjenengan wonten unjukan lan uba rampe kula aturi diunjuk lan didahar kanti sekeca.salasengipu mbok menawi mangke acara arisan sampun paripurna kula sakaluarga ngaturaken sugeng kondur dumateng panjenengan sedaya. Cekap sementen atur kula.menawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten
Wassalamualaikum.WR.WB